Petung
Salaki Rabi
Petung salaki rabi inggih punika sawijining petung kangge nyumurupi sae botenipun jejodhonan tiyang jaler kaliyan tiyang estri. Petung punika adhedhasar weton (neton) lairipun calon penganten.
Petung salaki rabi inggih punika sawijining petung kangge nyumurupi sae botenipun jejodhonan tiyang jaler kaliyan tiyang estri. Petung punika adhedhasar weton (neton) lairipun calon penganten.
Neptu
Dinten :
Senen : 4 Selasa : 3 Rebo : 7 Kemis : 8 jemuwah : 6 Setu : 9 Akad (minggu) : 5 |
Neptu
Pasaran :
Pahing : 9 Pon : 7 Wage : 4 Kliwon :8 Legi : 5 |
Neptunipun
dinten saha pasaran calon temanten kakung lan calon temanten estri dipun
gunggung lajeng dipun para 5, sisanipun pinten. Menawi tirahipun langkung
saking 5 kedah dipun suda 5.
Sisa
1 - Sri : Sae sanget, kathah rejekinipun
Sisa 2 - Lungguh : biasa kemawon Sisa 3 - Lara : Kathah godha rencana Sisa 4 - Pati : Ala sanged, salah setunggal pejah rumiyin. |
Tuladha :
XBuGX - lair Kemis Kliwon (Kemis 8 + Kliwon 8 = 16) badhe kadhaupaken dening Sugaplums - lair Senin Legi (Senin 4 + Legi 5 = 9). Netonipun calon penganten kekalih dipun gunggung, 16 + 9 = 24.
24 dipun para 5 sisa 4 ( 24 : 5 = 4 sisa 4) utawi saged dipun serat mekaten 24 - (4 x 5) = 4
Sisa 4 = Pati, menawi dipun dhaupaken salah setunggal pejah rumiyin. Ala sanged, prayoginipun mboten sisah dipun lajengaken.
Petung Panca Suda
Petung Panca Suda kangge nyumurupi watakipun si Jabang Bayi
Neptunipun si jabang bayi dipun para 10, sisanipun pinten. Menawi sisanipun langkung saking 7 kedah disuda 7.

1 - Wasesa Segara
Watakipun : Jembar budine, sugih pangapura, amot ujar ala lan becik, gedhe wibawane Sisa 2 - Tunggak Semi Watakipun : Rejeki tansah kacukupan sanadyan dipapras meksa isih bisa thukul Sisa 3 - Satriya Wibawa Watakipun : Oleh kabegjan, kamulyan, lan kaluhuran Sisa 4 - Sumur Sinaba Watakipun : Kedunungan kapinteran lan kawicaksanan, panggonan nggo pitulungan lan pitakonan. Sisa 5 - Satriya Wirang Watakipun : nandang susah lan rekasa, kewirangan. Srananipun kagem tulak : ngetokake getih (nyembelih ayam utawa wedhus) Sisa 6 - Bumi Kapetak Watakipun : Peteng ing ati, nanging taberi nyambut damel, kuwat nandang lara lapa lan resikan. Srananipun kagem tulak : Mendhem lemah Sisa 7 - Lebu Katiyup Angin Watakipun : Tansah nandang papa, tansah kapesan, angel sandhang pangan, asring pindhah omah, samubarang kekarepan angel kaleksanan, rekasa uripe. Srananipun kagem tulak : ngabul - abul bledug utawa awu. |
Tuladha
Sapik - netonipun Kemis Wage (kemis 8 + Wage 9 = 17). 17 dipara 10 sisa 7
Sisa 7 nasibipun Sapik = Lebu katiyup angin
Sapik - netonipun Kemis Wage (kemis 8 + Wage 9 = 17). 17 dipara 10 sisa 7
Sisa 7 nasibipun Sapik = Lebu katiyup angin
0 on: "Petung Salaking Rabi"