0 = Jalma/manungso
1 = Gusti Allah
Lamun manungso kepengen aji neng ngersane Gusti Allah (angka
0 lan 1 dadi angka 10), manungso kudu 2 (Loro)
2 (Loro) = Lakokno Ragamu. Tegese Nglakokno raga yaiku usaha
kelawan ragane kanggo golek ngilmu sejati, anggone ngudi ngilmu kudu dibarengi
3 (Telu)
3 (Telu) = Metel kelawan Laku. Tegese Metel kelawan Laku
yaiku anggone mlaku ngudi ngilmu kudu dibarengi laku prihatin/tirakat (poso,
cegah turu, lan sak pinunggalane). Anggone mlaku ngudi ngilmu lan tirakat
supaya bisa 4 (Papat)
4 (Papat) = Mapakke Ati. Tegese mapakke ati yaiku lamun
manungso kapanjingan ngilmu, kudu bisa mapakake atine ing perkara kang luhur.
Sebab dheweke bakal dadi patuladhan menggahe wong akeh
5 (limo) = Kinelingan wong-wong podo moro. Tegese Kinelingan
wong-wong podo moro yaiku dheweke dadi paran pitakon lan bakal paring piwulang
marang wong kang podo moro menyang dheweke. Lamun wis tekan maqom iki, manungso
kudu biso 6 (Enem)
6 (Enem) = Ngenepake Penemu. Tegese Ngenepake Penemu yaiku
manungso kudu bisa ngenepake penemu utawa watake. Kudu ngutameake kepentingan
lan kebutuhan wong akeh, ora kena nuruti kekarepane hawa nafsu supaya bisa oleh
7 (Pitu)
7 (Pitu) = Nompo Pituduh. Tegese manungso kang duwe
penemu/watak tulus kang bakal nompo pituduh lan pitulungan saking ngersane
Gusti
8 (Wolu) = Wong-wong podho lumaku. Tegese Wong-wong podho
lumaku yaiku akeh manungso kang ngalap berkah lan ngilmu marang dheweke, akeh
manungso kang arep napak tilas laku tirakate. Bisa ugo diarani manungso sak
dhuwure manungso.
9 (Songo) = Songsong Agung. Tegese Songsong Agung yaiku
tumrape manungso kang wes tutug lan lulus anggone ngelakoni tirakat (wiwit
angka 2 tekan angka 8) mongko dheweke bakal diangkat derajate lan pinaringan
Songsong Agung (mahkota), lan mesti cedak banget karo Gustine koyo den
ibaratake angka 10 (Sepuluh)
10 (Sepuluh) = Tegese angka 10 iku, lamun manungso kepengen
ngibadahe diridhoi Gusti Allah mongko kudu ngutamaake Allah tinimbang dheweke
(10=angka 1 neng ngarepe angka 0). Tegese sak kabehe laku lan ngibadahe
manungso kudu diawiti niat namung kerana Allah. Lamun niate namung kerana
makhluk, senajan lakune iku kalebu ngibadah nanging Gusti Allah ora kerso nampa
amale manungso (01=angka 0 neng ngarepe angka 1).
Sumber : Eko Bagio Kompasiana
0 on: "Filosofi Angka dalam Terminologi Manunggaling Kawula-Gusti"