SERAT WULANGREH
Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru
Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh
ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora
weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen
darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta
pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah
nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita,
sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha
manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang
ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan
mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
05
Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing
patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun
baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak,
lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
06
Ana uga den antepi, yen ucul saka patang
prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus
angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang
sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes
kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong
ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta
asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru
ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna
mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora,
Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.
PUPUH II
K I N A N T H I
K I N A N T H I
01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih
lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling,
lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda
prayitnaning batin.
03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung
dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak
satemah anenulari.
04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik,
utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang
budi.
05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang
ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang
ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.
06
Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling,
kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku
panuntuning iblis.
07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den
lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana,
mufa’ati badanneki.
08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa
iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den
gulang, kumenthus lengus kumaki.
09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir,
iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang
ala miwah kang becik.
10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik,
tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro caritareki,
mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi,
jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana
ala ana becik.
12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang
remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang
kojah, ing lair masa puniki.
13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar
pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den
umbar, nora nganggo sawatawis.
14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun
pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang,
tan pantes dipun cedhaki.
15
Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono
ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan,
becik singkiorana kaki.
16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang
iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den
estokna, ywa nambuh wulang kang becik.
PUPUH III
G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah
kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan
dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora
jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur
ingkang sayektos.
03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru,
nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira
anggo.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan
adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.
05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat
lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine
kalamun nyakot.
06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku,
tukang Nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.
07
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun,
para tantang candala anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.
08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang
tetelu, anganggowa rereh ririh ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha
solahing wong.
09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing
panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngedelken upase
mandos.
10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane
kajalomprong.
11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali
nora eling, yen den gunggung katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya
wudun meh mencothot.
12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku
pamrihipun, mung warege wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun,
rerubo alaning uwong.
13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe
umuk, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol
sanggap sakehing wong.
14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan
wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong
mangkono didhedhoplok.
15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture
agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.
16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono
iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana
kang pitados.
PUPUH IV
P A N G K U R
P A N G K U R
01
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang
kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton
puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa
lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin
lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe
kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng
praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.
04
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan
prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan
wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.
05
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku
lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang
podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih
06
Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan
linggih, iku panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna
iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.
07
Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan
basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe
sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.
08
Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa
basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene
pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang
den simpeni, becike dhewe ginunggung,kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe
ngandhukur, wong mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.
10
Iku wong durbala murka, nora nana mareme
jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem
saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.
11
Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi
nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma
pangrasane dhewekipun, tan ana kangmadhanana, angrasa luhur pribadi.
12
Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik
tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami anglabuhi
kang apatut, parapan dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.
13
Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan
nyumur gumuling, ambubuti arit puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu
nora kena dipun enut, monyar-manyir tan antepan, dela lemeran puniku.
14
Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan
barang kardi, angrong prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur
miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.
15
Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe
wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine kang den urap, mbuntut arit punika
pracekanipun, apener neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung
plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem
prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.
PUPUH V
MASKUMAMBANG
MASKUMAMBANG
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur
myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
02
Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong
tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak prayoga.
03
Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan
wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak prayoga.
04
Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa
biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.
05
Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu
duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.
06
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha
prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.
07
Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah,
dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
08
Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang
maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur tuwa.
09
Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah
kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene kawruhana.
10
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran,
anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.
11
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu
rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
12
Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi,
kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.
13
Saking ibu rama margane udani, miwahmaratuwa,
lanang wadon den bekteni, aweh rasa ingkang nyata.
14
Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping
tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.
15
Pan sinembah gegantining rama ugi, pan
sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira tuta.
16
Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang
kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru sinembah.
17
Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng
antaka madhangken petenging ati, mbeneraken marga mulya.
18
Wongduraka ing guru abot sayekti, mila den
prayitna, minta sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.
19
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti
kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang lawan pangan.
20
Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti, lawan
para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis awirya.
21
Nora putra santana wong cilik, pan padha
ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.
22
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira
angenira sayekti, tan wurung anemu papa.
23
Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki
aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.
24
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang
pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira sungkemana.
25
Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel
aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
26
Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk
sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera sepadha-padha.
27
Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen
karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti pinala.
28
Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun
leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.
29
Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun tan
temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.
30
Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak
prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener agemira.
31
Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata
padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.
32
Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring
kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.
33
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa
rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
34
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing
rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang tampa.
PUPUH VI
DUDUK WULUH
DUDUK WULUH
01
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena
minggrang-minggring, kudu mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun
purut sapakon.
02
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung,
marentahaken hukum adil, pramila wajib den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring
parentahe Sang Katong.
03
Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo
wong urip, sapirsa suwiteng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04
Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya
aja ngabdi, angur ngidunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing
batos.
05
Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora
nana kang ngiri, mungkul tutug karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba
lurahe nganggo.
06
Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng
patrol pinggir margi,lamun nora patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
07
Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul
bebede sasisih,saha mbanda tanganipun, glindhang-glindhung tanpa
keris,andhodhok pinggiring bango.
08
Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku
bawat Senen Kemis, mankono ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning
Sang Katong.
09
Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe
ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi
katong.
10
Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti
kudu nglakoni, sapalakartine iku, lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane
pan seyos.
11
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri
lawan miji, panglaweyan miwah pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.
12
Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang
amarengi, wiyosanira sang Prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
13
Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli
ganjaran den incih, lamun nora yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen
wus mangerti ingkang wong.
14
Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku
nora pinikir, ganjaran pan wus rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing
lair batos.
15
Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani
karseng Gusti, wong ngawula paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah
sapakon.
16
Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus
pasti, ana ing bebadanira, aja sok anguring uring, Gusti nira inggih Sang
Katong.
17
Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti
tuwin Hyang Widdhi, dening ta sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan
tan kena megoh.
18
Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene
kang wus pasti, tan kena owah sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur
sapakon.
PUPUH V
DURMA
DURMA
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha
dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing
tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira
wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi
sabarang, pakaryanira ugi.
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan
saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh
dirgama, singgahana den eling.
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe
pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki,
sarta lan aja, nacat kepati pati.
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik
memaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan
wus lumrah, uga padha maoni.
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener
pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku
wong ala, ngganggo bener pribadi.
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya
wong memamaoni, sira eling-eling, aja sugih waonan,
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang
sanak kanca kang lali, den nedya raharja, mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong
ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen
ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11
Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa
mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora
prasaja, sabarang kang den pikir.
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri
angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani, tan
parah-parah, wirangronge gumanti.
PUPUH VI
WIRANGRONG
WIRANGRONG
01
Den samya marsudeng budi, wuweka dipun was
paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen tan
pantes prenahira.
02
Kudu golek masa ugi, panggonan lamun miraos,
lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age kawedal, yen durung
pantes lan rowang.
03
Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak
calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong
kathah, ana satengah micara.
04
Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken supaos,
iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata
ginawe dinan.
05
Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke pepisoh,
cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun tan lukani, den dumeling dosanya, mring
abdi kang manggih duka.
06
Lawan padha den pakeling, teguhna lahir batos,
aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang, miwah
maring pasanakan.
07
Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami
anom, nadyan lilaa lanangipunkang angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa
kuranga wanodya.
08
Gawe salah graitaning, ing liyan tan sami anom,
nadyan lilaa lananganipun, kang ngrungu elik, ing batin tan pitaya, masa
kuranga wanodya.
09
Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran
rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padhasuda,
pangandele mring bendara.
10
Anu cacat agung malih, anglangkungi saking
awon, apan sakwan iku akeh pun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan,
kaping tiga wong durjana.
11
Kaping sakawane ugi, wong ati sudagar awon,
mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung batine den etang, alumuh
lamun kalonga.
12
Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing
tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.
13
Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh,
amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka
sumringah.
14
Dene wong durjana ugi, nora ana den batos, rina
wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun
wateke durjana.
15
Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh,
lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting
tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.
tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.
16
Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol,
lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan ngarah-arah, punika
awoning bangsat.
17
Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya awon,
apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggegulang
ngabotohan.
18
Dene ta wong akng madati, sesade kemawon lumuh,
amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang,
sarwi leleyang bebuden.
19
Yen leren nyeret, netrane pan merem karo, yen
wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut biru toya, lambe biru untu
petah.
20
Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang
wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan
wurung ngestop boliro.
21
Yen mati nganggo ndalinding, suprandene npra
kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala, urpe
dadi tontonan.
22
Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo,
panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang wani
nerak tan manggih arja.
23
Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron,
nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan iku
watake ala.
24
Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon,
lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus
lumprahing wanita.
25
Tan bisa simpen wewadi, saking rupake ing
batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya,
ganjaran marang wong priya.
26
Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang
yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo weh manfaat,
kaya Pucung lan kaluwak.
PUPUH VII
P U C U N G
P U C U N G
01
Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den
awas, aja dumeh bisa angling, den apantes masa kalane micara.
02
Nadyan namung sakecap yen nora patut, prenah
ing wicara, sadurunge den kaesthi, awasane semune rewang alenggah.
03
Lawan aja sok metua wong celathu, aneng
pasamuwan, ora pantes kang kawiji, ora ana kang kasimpen ing wardaya.
04
Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa
prayoga, arahen kang ngati-ati, yen wus melu nora kena tinututan.
05
Milanipun den prayitna wong celathu, aja sok
supata, pan dadi regeding urip, yen micara larangana ngucap tobat.
06
Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha,
den gemi wedaling lati, masa mangke supata ginawa dinan.
07
Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut ukaning
tyas, tan ana kang angukumi, ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.
08
Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah
cucah, anyenengi batur sisip, yen duduka den dumeling sisipira.
09
Iku padha den teguhana den kukuh, lawan aja
sira, angalap randhaning abdi, miwah sanak kanca satunggal sapangan.
10
Gawe salah graita kang padha ngrungu, sanadyan
lilaa, iya kang anduwe rabi, sanakira ilang pitayaning mana.
11
Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur ira
padha, suda pangandeling batin, mring bandara masa kuranga parawan.
12
Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan patang
prakara, ingkang dingin wong madati, pindho botoh ping telune wong durjana.
13
Kaping pate wong budi saudagar tambah, sabarang
prakara, mung mungkul suka lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.
14
Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus,
kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, durung marem yen durung simpen
saleksan.
15
Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul, nggawa
gandhen emas, anenembung utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.
16
Wong durjana kang kaesthi siang dalu, mung wong
sugih arta, kang den incih den malingi, luwih ala-alane budi durjana.
17
Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu
dura, lamun pawitane enting,ora wurung nggegampang duweking sanak.
18
Nora etung wasiyate kaki buyut, tan nganggo den
eman, barang wesi tumbak keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.
19
Lamun menang angkuhe kaya wong agung, belaba
aloma, tan anganggo ngeman picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.
20
Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh, mring
tetangganira, yen kalimpe denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.
21
Dene yen wong madati keset tur angkuh, barang
gawe sungkan, kang dadim kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.
22
sarta nyekel bedutane den elus-elus, angedhep
pangeran, leren nyered banjur dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.
23
Lamun ana rewange wong nyeret iku, ingkang
karujukan, crita cinrita pra gaib, para rasa sastrane ingkang rinasa.
24
Sira ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu,
andangi sabarang, nora nganggo wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.
25
Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong
kekurangan, pikir peteng susah ati, suka bungah adhangan akale ndara.
26
Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem
ulatira, njambut wadi saking warih, lambe biru untu putih arang nginang.
27
Tenmenipun satronjambe gambir suruh, injet lan
mbakonya, kinira yen wedi getih, tan angandel puniku mewani cahya.
28
Nyeret lawas ambekane melar mingkus, jelagra
neng dadha, watuke saya gumugil, yen agering ndalinding metu bolira.
29
Iya iku alane wong mangan apyun, uripira dadya,
tontonan padhaning jalmi, singgahana wewaler telung prakara.
30
Ana maning wewaler aja sok wuru, nora nganggo
masa, endi lirira puniki, nginum sajeg puniku watake ala.
31
Yen amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg
pikirnya, sabarang angrasa wani, tinemenan wekasane dadi ala.
32
Lawan aja karem mring wanita ayu, kang ala
anggepnya, lan aja mbukak wewadi, mring ngarsaning wanita tan wurung corah.
33
Sampun lumrah ing wanita datan brukut, asimpen
raharja, saking rupake ing batin, apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.
34
Nitahaken pawestri pan kinaryeku, ganjaraning
priya, kabeh padha den nastiti, mring pitutur sayekti kudu prayitna.
35
Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen becik
bakalnya, den anggowa manfaati, aja kaya Pucung kalawan kaluwak.
Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun
kasekaraken Pucung 22 pada sekar.
PUPUH VIII
P U C U N G
P U C U N G
01
Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi
satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.
02
Den budiya kepriye ing becikipun, aja nganti
pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
03
Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus
atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.
04
Aja kaya sadulur memanise dipun runtut, oja
kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.
05
Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji tus
tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.
06
Luwih abot wong duwe sanak sadulur, enthenge
yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa.
07
Lamun bener apinter pamomonganipun, kang ginawa
tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.
08
Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena
ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.
09
Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku
kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.
10
Datan mari bebendon nggone malincur, age
patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi tuladha.
11
Nadyan iya wong cilik pasti piturut, kang padha
ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune wong dadi tuwa.
12
Den ajembar anggonira amangku, den pindho
sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.
13
Pan sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang
taruna, kang anom wajibe wedi, dipun manut tuture sadulur tuwa.
14
Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing batin
ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.
15
Nadyan bener yen wong anom dadi luput, dene
ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.
16
Lan maninge pan ana pituturingsun, yen sira
amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.
17
Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena,
carita kang muni tulis, den karasa kang becik si ra a- nggawa.
18
Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya
tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane kawruhana.
19
Wong kang laku mangkono wiwitanipun, becik
wekasanya, wong laku mangkono ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.
ing wekasanipun teka dadi ala.
20
Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit
wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.
21
Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira,
puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.
22
Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora
kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa raharja.
PUPUH IX
MIJIL
MIJIL
01
Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur
ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta
wasis, samubarang tanduk.
02
Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja
katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin,
den samar ing semu.
03
Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas
ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing badan
punika, wus pepancenipun.
04
Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon,
lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling
surup.
05
Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron,
anarima titah ing bodhone, iku wong narima nora becik
dene ingkang becik, wong narima iku.
dene ingkang becik, wong narima iku.
06
Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang
Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah
saliyaneng, ing tyas kang panuju.
07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing
Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima
becik kang mangkono iku.
08
Nanging arang iya wong saiki, kang kaya
mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan
nuli lali, ing wiwitanipun.
09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang
kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning
ati, kaya anggone nemu.
10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang
Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase
Sariah, kasusu ing angkuh.
11
Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang
Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku wong
tan wruh ing, kanikmatanipun.
12
Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang
Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya ilmi, lan wong nedya ugi
kapintaranipun.
13
Iya pangawruh kang den senengi, kang wus
sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis,
nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.
14
Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira
pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh yekti, durung marem
batin, lamun durung tutug.
15
Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon
barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik
tur rahayu.
16
Lan maninge babo dipun eling, ing
pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang jumeneng Aji,
ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
17
Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang
Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom
ugi, lamun dadi Ratu.
18
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong,
dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni,
pasti tan rahayu.
19
Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe
angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan nedya
eling,kamuktene iki,ngendi sangkanipun.
20
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan
mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin,
dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.
21
Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang
tanggon,saking durung ana landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge
pribadi, dadi tanpa dhapur.
22
Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon,
aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi sinelir,
pinter tanpa wuruk.
23
Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon,
apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu
pandadi pikukuh.
24
Kacek uga wong kang tanpa ilmu,sabarange kaot,
dene ilmu iku ingkang kangge, sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi,
parabot kang perlu.
25
Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang
sayektos,kawruh tetel wus kawengku kabeh, kang sarengat kanggo lair
batin,mulane den sami, brangta maring ilmu.
PUPUH X
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01
Padha netepana ugi, kabeh parentahing syara,
terusna lair batine,salat limang wektu uga,tan kena tininggala, sapa tinggal
dadi gabug, yen misih remen neng praja.
02
Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat,
anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja tininggala, pan iku parabot
agung, mungguh uripe neng donya.
03
Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika,
apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana, datan wurung
nemu bebendu, mula padha estokeno.
04
Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh marang
Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana, rasakna den karasa,
Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
05
Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh
uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen
manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
06
Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja
katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng dunya, siang dalu dipun
emut, wong urip manggih antaka.
07
Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas calak
lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.
08
Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den
gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggo murwat,
lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.
09
Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing
tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan, anganggowo jajaran, yen
niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.
10
Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala,
miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta, karyane prawadyanira, ing
sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.
11
Sarta kawruhana batin, gegantunganing pratopan,
darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya ywa, dumeh
isih sireku, lamun leda patrapana.
12
Nadyan sanak antaneki, yen leda hya pinatrapan,
murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing wuri awya padha, angladeni
kayaniraku, aja pegat den warata.
13
Lan meninge suta mami, mungguh anggering
kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha,
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.
14
Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja,
mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran,
luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
15
Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng
Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyadhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
16
Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya
setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan, trape kaya wong
dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.
17
Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira,
tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking ruba, mulane ing
batinipun, pangetunge lir wong dagang.
18
Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya,
ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bandara, lungguhe
lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
19
Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk pinocota,
picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang tunjang, padha kaya
wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
20
Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan
lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring sedya nandhang karya,
lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
21
Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut
karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus
nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
22
Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi
pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang
wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.
23
Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong desa,
salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung sacacah, bektine karo belah, temahan
desane suwung, pyayine jaga pocetan.
24
Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono,
satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring pitutur kang arja, nora
cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
25
Nonoman ing mengko iki, yen dituturi raharja,
arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar
pitutur,pangrasane pan wus wignya.
26
Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita,
rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten
sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
PUPUH XI
SINOM
SINOM
01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning
jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone
didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den
ina sapadha-padha.
02
Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun
alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa
ngrasa prandene sugih carita.
03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang
nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang
kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana
undaking kabisan.
04
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong
dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling,
sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama
ing pratingkah karaharjan.
05
Nanging padha estokana, pitutur kang muni
tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati
wuruke wong tuwa-tuwa.
06
Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin
dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting
dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang
Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
07
Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating
dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
08
Panembahan senopatya, kang jumeneng ing
Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari,
saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib
uga niruwa lelakonira.
09
Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri,
iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa
dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon
saprapatan.
10
Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara
sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana
suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan
mangkono kang den gulang.
11
Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti,
dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
12
Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen
aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa
punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna
beda.
13
Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni,
kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun,
iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
14
Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik,
amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang
sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa
mulya.
15
Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun
karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan
napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira
tunggal.
16
Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh
ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong
darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka
jroning wardaya.
17
Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi
becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den mantep ing jro
ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan ana
dalile kang wus kalawan.
18
Marang leluhur sedaya, nggone nenedhamring
Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban
wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone anamur
lampah.
19
Tampane nganggo alingan, pan padha alaku tapi,
iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah
ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan
anggape pan kumawula.
20
Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora
ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin, pan jero
pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal
lanjaran.
21
Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin
dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na kang wani,
nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi,
muga-muga mufaatana ing darah.
22
Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup
memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos tan
keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni,
anginguwa marang wong wadon tan kena.
23
Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni,
ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone tan keni,ing
ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga
punika ingkang prasapa.
24
Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani,
anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga turangga, kang
kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.
dipun emut punika mesthitan kena.
25
Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani,
mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.
26
Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing
Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih,
dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.
tan rinilan ujung astana ing Betah.
27
Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan
mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil,
puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.
mring satedhak turunira linarangan.
28
Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den lilani,
nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
29
Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping
tri, mring satedhak turunira, apan nora den lelani,
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
30
Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin
dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang
Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana
mring wana tan kena.
31
Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak
nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang
tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan paying dadaan abang, tedhak Madura tan
keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
32
Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging
sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan den lilani,
lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena
ajang godhong pelasa.
33
Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali,
prasapa kang kuna-kuna,wewaler leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti
nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa
ingkang atampa.
PUPUH XII
GIRISA
GIRISA
01
Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa,
aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa,ing lair batin den bisa,
anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.
02
Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira,
yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.
03
Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing
umurira ingkang cedhak,lan kang dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen
maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus
ana.
04
Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa
marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung uninga, prayoga
atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.
05
Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira
weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana,
miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.
06
Sunat lan perlu punika, perabot kanggo sadina,
kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang,lan aja bosen jagongan, marang
kang para ‘ulama, miwah wong kang wus sempurna,pangawruhe mring Hyang Suksma.
07
Miwah ta nagara krama, tindak tanduk myang
bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing madya, lawan kang
timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang
tuwa-tuwa.
08
Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah
susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra
utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.
09
Lawan sok kerepa maca, sabarang layang carita,
aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna, layang babat kawruhana,
caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.
10
Miwah lelakone padha, kang para Wali sadaya,
kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa, miwah kang satriya, kang
digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa,lelabetan kang utama.
11
Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya,
carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang padha, miwah
lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.
12
Yen durung mangerti sira, caritane takonana, ya
marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga,
mundhak kapinteranira, nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.
13
Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho mudha,
kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi
Allah ambukaa, mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.
14
Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang
sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu
wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.
15
Padha sami den pracaya, aja sumelang ing nala,
kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya,
jalarane saking bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.
16
Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning
suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira,
marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang Suksma.
17
Paring peling maring sira, tinuduhken ing
dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang sampurna, mugi anak putu
padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.
18
Sakehing wong kepengin, nira solah
bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan bala, kadhepa
saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.
19
Didohna saking duraka, winantuwa ing nugraha,
sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya, marang pituture bapak, Alloh
ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus rumasa.
20
Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon
wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya, pira lawase neng
dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.
21
Mulaningsun muruk marang, ing kabeh
atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha rahaba, nggonira
padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi
elinga.
22
Lan nuli pada elinga, kaya leluhure padha,
digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing kasampurnaning gesang,
patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga kelakonana.
23
Titi tamating carita, serat weweling mring
putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana, Surakarta ping sekawan,
ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga elinga.
TAMATING PAMANGUN
Telasing panuratira, ping Rong Puluh ing
Muharam Kamis Pon Taun Jimawal. Bumi Karta Saptaringrat (1741). Kapitu Adidaha,
obah kawula.
Langganan:
Postingan (Atom)
nuwun nuwun matur nuwun
BalasHapus